Kamis, 23 Januari 2014

Pengalaman Menyedihkan Bahasa Jawa


MANAH INGKAH KUATIR

  Pahit sanget raosipun manah kulo,mireng suanten “Ibu Operasi” nggih meniko 2 tembung ingkang nrenyuhaken manah kulo. Ibu ingkang sare lemes mboten gadah doyo dateng griyo sakit. Enjing ingkang seger sirna. Kulo kinten ibu namung gerah madaran biasa lan sampun dangan. Amargi sakderengipun ibu sampun berobat dateng pinten-pinten dokter lan natos opname dateng Puskesmas Padas. Nanging pinten-pinten dinten saksampunipun medal saking Puskesmas Padas,madaran ibu gerah maleh menawi wancinipun menstruasi. Akhiripun ibu berobat maleh dateng dokter ingkang benten. Jebolipun ibu kengeng kista lan kedah di operasi.
  4 juni 2013,ibu tindak griyo sakit Dr.Moewardi Surakarta. Nanging,namung kulo kaleh mas kula ingkang ngertos,menawi ibu bade operasi . Eyang putri dereng perso. Amargi menawi perso eyang putri saget kaget. Eyang putri namung perso menawi ibu tindak solo bade berobat.
  Benjingipun jam 6 enjing,kulo pikantuk kabar saking bapak,menawi ibu sampun mlebet kamar operasi. Akhiripun sedoyo keluargo ngertos,nopo ingkang sejatinipun kedadosan. Jam 3 sonten,kulo kaleh rombongan bidal dateng Solo. Duginipun mriko,kulo sak rombongan madosi kamar ibu yaiku anggrek 3B,kulo ngertose kamaripun ibu saking bapak.
  Kulo mboten betah nahan luh pas ningali ibu sare lemes,ngagem selang infus dateng astane. Salira ingkang namung diblebet kaleh kulit aluse. Kulo mboten tego ningali ibu. Pahit sanget raosipun cobaan niki. Kulo namung saget doa dateng gusti Allah,supados ibu diparingi kesehatan kados wingiuni. 6 dinten kulo dateng mriko, dinten ke 7 ibu sampun pareng kondur. Sekedik mboko sekedik,kesehatan ibu pulih. Kulo seneng, sak niki detik niki,ibu sampun pulih 100% kados wingiuni.

0 komentar:

Posting Komentar

Template by:

Free Blog Templates